SELAMAT DATANG DI BLOG PERSAUDARAAN SETIA HATI TERATE KOMISARIAT UNIVERSITAS DIPONEGORO SEMARANG--WWW.SHTERATEUNDIP.BLOGSPOT.COM-- GREETINGS BROTHERHOOD

Sabtu, 12 September 2009

OLAH RASA (4)

JANJIKU
oleh: djk. Cerita wayang ini smoga dapat dipakai sebagai media latihan olah rasa yg berhubungan dengan mulut. wassayang.


Rengkeng-rengkeng anggonku ngadeg ateken pupu bubar wae aku menang tanding kalawan yayi resi Seto ing Bharatayuda iki, kadadak ana cahyo gumebyar arso katujokake marang aku. Aku gragapan lan ora pangling yen iku cahyane pusaka Cakra Baskara pambrasta memalaning jagad, aku nyipta mati. Dumadakan mak nyuut aku kelingan janjine yayi dewi Amba yen bakal mapagake aku munggah kaswargan ing Bharatayuda.
Rumangsaku kedadeyan kang kawuri cetho malelo. Yen ta aku iki anak ratu Ngastino Prabu Sentanu, turun lanang, ya mung aku kang urip lan ya mung aku kang ginadhang bakal nggenteni keprabon Ngastina. Ana kang nyritakake, aku iki anak nomer wolu. Kabeh sedulurku dadi sesaji kalarapake ana bengawan Silugangga kanggo kayuwanane ibuku Dewi Silugangga dadi prameswari Negara Ngastina. Aku isa urip iki kanthi ijol ibuku. Ibuku bali ana kadewatan lan aku ditinggal isih bayi abang. Tresnane bapakku marang aku nganti direwangi keplantrang- plantrang nganti tekan negara Wiratha jalaran ora ana wanita sing kuwat nyusoni aku. Ya mung ibu Dewi Durgandini kang kuwagang nyusoni.
Tresnaku marang bapak lan ibu Durgandini tak labuhi kanthi ikhlas aku janji ora bakal gumanti keprabon, lan aku ugo ora arep duwe turun rikala aku ditanting ibu dewi Durgandini kang bakal nglenggahi prameswari. Kabeh mau pangangkahku supaya ora dadi dredah rebut warisan Negara ing tembe mburi. Aku mung arep dadi pandhita brahmacari wae kang aweh pamrayoga kanggo ngembani Negara lan apiking bebrayan agung.
Lelakonku kang ngelam-ngelami ati rikala aku mupu sayembara putri kanggo adiku kuwalon ya putrane bapak lan ibu Durgandini. Aku bisa menang sayembara lan nggawa bali dewi Amba, Ambika lan Ambalika. Pranyata yayi dewi Amba ora gelem dadi garwane adhiku, malah aku kudu gelem disuwitani lan tetep pengin melu ana ngendi wae. Nganti tak agar-agari nganggo jemparing supaya kendho anggone mothah nanging ora suda malah aku dhewe kang gumrobyos, lan tanganku grewelan nganti jemparing ucul saka tanganku ngenani anggane dadi lan tiwase. Kasetyane marang aku pranyata tan kinira, senajan wis tinggal donya nanging isih ninggal swara yen ora gelem munggah swarga, geleme yen bareng karo aku lan bakal mapag ana ing Bharatayuda. Aku mung nayogyani durung ngerti karepe Bharatayuda.
Mantepku ora bakal ngganti keprabon lan tetep dadi Pendhita Brahmacari dak terusake senajan yayi Wicitrowiryo tilar donya ora duwe turun. Aku malah mrayogake yayi Abiyasa kang ganti keprabon Ngastina supaya darah Bharata kang tetep ngregem pusering adil lan bisa nurunake trah awirya. Oo jagad dewa bathara jebul ora kinira yen ta aku iki senajan sithik dadi melu perang udrek-udrekan perkara warisan Negara tinggalane Bapakku sing wis tak ikhlasake. Yen aku saiki ngadhepi Cakra Baskara, banjur ana ngendi yayi dewi Amba?
Gupuh aku nyedhaki kang mundhi sanjata Cakra alon nggonku micara. ”Dhuh pukulun kula dereng blawur!, kula mboten wuto! lan kula inggih mboten kekilapan bilih paduka tuhu panjalmanipun Hyang Wisnu ingkang ngreksa kayuwananing jagad. Nugraha mulya ingkang kulo sandhang menawi kulo kasampurnaken kaliyan Cakra Baskara. Nanging,.. nanging dhuh pukulun, mugi paduka welas kaliyan yayi dewi Amba swargi, ingkang gadhah punagi badhe mapag kula minggah kaswargan ing Bharatayuda. Kulo suwun,.. paduko kersa enggal ngengetaken yayi dewi,,, bilih kula sampun nglenggono, lila-legawa, dinten puniko kula rantos wonten madyaning palagan”.
Sireeeep cahya gumebyar, ora ndadak kesuwen katon pawongan wadon. Aku ora pangling iku putuku Srikandhi kang mawa guwaya yayi dewi Amba nyumbari aku. ”Eyang Resi, apa isih kuwat ngadhepi aku?”. ”Weee la dalah aku iki senadyan tuwa, murid Sang Rama Parasu yen mung adu atosing balung-wulete kulit, gelut saumpamane, ngajak pirang dina aku isih kuwat”. ”Aku emoh guelut eyaang, apa eyang wani nadhahi Naracabala?”. We la aja kesuwen tamakna ana dhadaku ora-orane yen tak inggati. Tak waspadakake cahya kemalerap pirang-pirang nempuh anggaku, rumangsaku anggaku bebasan luwih atos gedebog ora kaya sing uwis-uwis. Gadane yayi Resi Seta wae ora kuwawa nggawe busik kulitku.
Tan rinasa kebak naracabala anggaku, nganti aku ora bisa obah. Kabeh putuku Kurawa lan Pandhawa pada nyedhak katone pada mbrebes mili, sesenggukan anggone nangis. Aku aweh pamrayoga ” Putuku kabeh, aku ngerti yen sira kabeh pada tresna marang Negara Ngastina kaya aku. Lerena anggonmu dredah yo ngger, cukup eyangmu-eyangmu Wiratha lan Talkandha kang dadi banten kanggo kamulyanmu. Eyang wis ora bisa ngembani sira kabeh.....”. Rumangsaku anggaku diangkat dipapanake ana gumuk, ora ana kang nunggoni kajaba mung yayi dewi Amba. Lamat-lamat aku isih krungu swarane jaran, adu gegaman, surak lan panjelihe prajurit. Janjiku kaleksanan.
Bergota smg.

0 komentar:

  © ryanwidhi teratediponegoro by shterateundip.co.cc 2008

Wangsul Maleh Dateng Inggil