SELAMAT DATANG DI BLOG PERSAUDARAAN SETIA HATI TERATE KOMISARIAT UNIVERSITAS DIPONEGORO SEMARANG--WWW.SHTERATEUNDIP.BLOGSPOT.COM-- GREETINGS BROTHERHOOD

Rabu, 09 September 2009

OLAH RASA (3)

BRAMANTYAKU SIRNA
oleh: djk. Ini ada cerita wayang guelut, tokohnya sesama bergelar Resi/Pandhito untuk latihan olah rasa yg berhubungan dengan telinga. ndak aneh to? lha wong cuman wayang. Ada pitutur wulangreh : yen sira amaca sakehing layang, aja sira katungkul amaca nanging ngertenana surasane, Smoga berhasil. wassayang.

Njegreg anggonku ngadeg meruhi kunarpane adhi-adhiku, nanging kakang resi Bisma kok ora katon. Getem-getem dadaku sesak, untuku gathik, mripatku nggoleki kanthi mencereng, gada tak elus-elus, sing katon mung prajurit sepirang-pirang. Ana swara nyenggaki “Sigeg sang Seto, dupi mulat kunarpane sang Untara dalah sang Wratsongko, Netra kocak, waja kumerot nanging kang den goleki datan katon. Ingkang wonten namung prajurit maewu-ewu. Bramantya sang Seto, sigra nyandak ponang gada, nrajang pabaratan-bubar mawut barisan Kurawa”. Rumangsaku swara mau anjurung semangatku kanggo ngamuk. Pancene aku ngamuk. Gada tak obat-abitake, sapa cedhak dak prawasa, aja maneh prajurit lha wong rupa turangga, kreta lan gaman sakalir sida remuk katrajang kridhaku. Swara-swara pating jlerit, pating kumrosak, pating kedebug wis ora tak rewes, bakune aku nggoleki kakang resi Bismo. Ngono iku ana swara nyenggaki maneh ”Mobaaaat, mabiit ponang gada. Mrawasa apa wae kang cedhak, singa lena pralaya. Kuwandha mblasah kaya babatan pacing. Matuumpuk-tumpuuk kaya gumuk! Ana kang remuk balunge, bengkah dhadhane, pecah ndhase, sora aloke para prajurit: Seto ngramaan, Seto ngramaan, seto ngramaaaan....”. Kaya-kaya swara mau nambah bramantyaku. Gada dak puter kaya kitiran nasak grombolan prajurit senajan prajurit mau mung arep nyingkir saka ngarepku. Kandheg pangamukku sawise ana swara ”Mandheg-mandheg, mandheg yayi, aku kang ana”. Dak waspadakake jebul kakang resi Bismo wis ana ngarepku karo jelih-jelih. Jumedule kakang resi Bismo mau ya nganggo didhisiki swara ”Pating jlerit sambate para prajurit, pating brengok sambat kapok, kang kapireng amung gereng-gereng. Tanggap resi Bisma jelih-jelih mapag resi Seto”.
”Yayi, aja kok terusake nggonmu ngraman prajurit, aku kang mapagake sira”. ”Ya, pancen sira sing tak goleki. Apa lali yen aku lan kakang Bismo bakal ayun-ayunan ana Bharatayuda”. ”Ora yayi, mapan wis dadi anteping tekadmu lan tekadku. Mula kudu rampung dina iki. Tuwa padha Tuwa”. ”Ya kakang, aja lali gegamanmu kanggo nadhahi gadaku”. Ora dadak kesuwen gada tak keprukake, kakang Bismo ngendhani kanti cukat-trengginas. Ora ngiro yen kakang Bismo isih kuat sawise tetandingan lawan adhi-adhiku, lan bandayuda iki katone tambah kekuatane ora kaya dhek enome. Aku ora maido jer nyatane murid sang Rama Parasu. Suwe anggonku bandayuda, aku dhewe ora ngerti mbuh kapan rampunge. Lagi enak-enak bandayuda ndadak keprungu swara maneh ”Rame nggennyo bandayuda, silih-ungkih rebut unggul. Sami jayeng palugon, tan mantra-mantra kekarone sampun sepuh. Dangu-dangu lena sang Bismo, sigra kapupuh gada, ...dhawah kapidara sang Bismo”. Saka panduluku pancen rada kendho tandange kakang Bismo, ana kalodangan meleng mustakane, tak kepruk gada ambruk-nglumpruk. Kanthi cepet tak ruket sedya tak pungkasi kanthi nekak gulune. Aku nyipta bakal unggul juritku.
Kadadak ana swara maneh ”Datan bisa obah resi Bismo rinuket sang Seto, jangga tinekak, napase cekak, nyipta pralaya ing yuda. Waaauto, eling-eling murid sang Rama Parasu datan pralaya yen dereng seleh dedama. Grayah-grayah nyandhak cundrik pusaka paringe keng ibu dewi Silugangga, katamakaken jajane resi Seto butul walikat, guuugur Resi Seto”. Rumangsaku ana barang atos nembus dhadhaku, krasa banyu mili kaya sumber metu saka anggaku, kekuatanku suda, panonku sumrepet, adegku goyah, saya lemes, lemes, lemeeees, sirna bramantyaku, peteng jagad gumelar. Lamat-lamat aku krungu pambengoke para prajurit ”Seto Gugur, Seto Gugur, Seto Guguuuur”.
(Greget mbah narto, bergota smg)

0 komentar:

  © ryanwidhi teratediponegoro by shterateundip.co.cc 2008

Wangsul Maleh Dateng Inggil