SELAMAT DATANG DI BLOG PERSAUDARAAN SETIA HATI TERATE KOMISARIAT UNIVERSITAS DIPONEGORO SEMARANG--WWW.SHTERATEUNDIP.BLOGSPOT.COM-- GREETINGS BROTHERHOOD

Senin, 07 September 2009

OLAH RASA (2)

KARNO TINANTING.

Oleh Djk. teriring selamat latihan olah rasa yg berhubungan dengan mata. Mohon maaf langsung bahasa Jawa spy lebih "ngeh" gitu.

Gliyak-gliyak nggonku lumaku bali Ngawangga, nyingkiri bramantyane rama prabu Salyo ana paseban Agung. Ompyake para prajurit kang sikep gegaman samapta ing yuda wis ora tak rewes. Dumadakan kretaku ana kang nusul lan tak sawang kreta Jaladara kretane kaka prabu Kresna. Kaka Prabu kresna ngawe supaya mandheg lan ya ana kalodhangan iku aku tinanting dening kaka prabu ngenani antebku anggolong marang kadang Kurawa.

“Yayi, aku isih durung mudheng kang dadi nalarmu dene ..ing ngarep sira tresna marang pandhawa ngluwihi kadangmu kurawa, lan ing bharatayuda mengko Kurawa sak balane bakal kalah, tegese kabeh padha pralaya…uga sira, nanging…nanging yayi, kok sira tetep anggolong Kurawa?

“Inggih kaka prabu, mugi paduka mboten kekilapan bilih kula wiwit alit dipun gulawentah bapa Adirata ingkang derajatipun namung kusir negari Ngastina, ngantos semenika kula mulya ngrenggani dhampar Narpati Ngawangga, tansah sinengkuyung kadang Kurawa. Bebasan kula sampun kekucah kanikmatan puniko saking negari Ngastina, iba suraking jagad menawi wonten bot-ruweting Negari Ngastina, kula Narpati Karno Basusena tinggal glanggang colong playu, langkung-langkung malik tingal badhe anjongkeng brastha para kadang Kurawa,….. oooo nistha ingkang kula sanggem kaka prabuuuuu. Kulo Ngertos bilih mangke ing bharatayuda, kadang kulo Kurawa badhe asor yudanipun amargi babagan yuda ingkang merlokaken kawaspadan, kasantosan, lan kemantepan, kadang kula Pandhawa ingkang langkung samapta lahir-bathin, benten kaliyan kadang Kurawa ingkang namung nengenanken kenikmatan jagad. Kabukten wonten lampahan menapa kemawon kadang kulo Kurwa tansah kawon kaliyan para Pandhawa.

Kaka prabu,.. tresna kula kaliyan kadang Pandhawa kula labeti kanthi pejah kula, sepindhah malih kula labeti kanthi pejah. Kula ngertos menawi kulo mboten gumregah, ngungalaken dhadha bilih kula sagah dados tameng anadhahi, andhepani kadang Kurawa lumawan kadang Pandhawa, para Kurawa mboten badhe wantun lumawan Pandhawa. Sora anggen kula micara ngantos- ngantos rama prabu Salya duka yayah sinipi lan kula kepeksa sumingkir saking paseban Agung mboten saged mangayubagyo rawuh paduka kaka prabu… Duh,… kaka prabu mugi paduka pirsa ing batos kula, kula tresna kadang Pandhawa, Wiwit alit kadang kula Pandhawa ingkang tansah ngudi kautamaning gesang, tansah dipun damel sengsara, dipun siya-siya kaliyan Kurawa, Kula mboten trimah, nanging mboten saged sabiyantu. Kula tansah ngantu-antu mbenjing punapa wonten kalodhangan, lan inggih nembe wekdal punika kula wonten kalodhangan, senadyan kanthi pejah kulo, …. kula rila. Duh kaka prabu….., menawi Kurawa ingkang nyandang-ngindhit angkara dados punjering kanisthan mboten wantun perang, lajeng mbenjing menapa jagad punika saged manggih kautaman?..........”

Alon-alon kaka prabu Kresna nyedhak lan ngrangkul aku, tak sawang ana kumembenging waspa, nanging ora tumetes. Aku ngerti yen kaka prabu iku pangejawantahe Hyang Wisnu kang Memayu Hayuning Jagad. “ Ya, ya, yayi… aku wis ngerti lan banget panuwunku, dene sira uga dadi paraga ngentheng-enthengake sesanggemanku nyirnakake angkara murka kang wis ora bisa didandani maneh. Muga sira dadi tulada ing mbesuke lan perkara iki bakal dak aturake kanjeng bibi Kunthi”

Wayah surup aku wis tekan kadipaten Ngawangga, dipapagake yayi Surtikanthi garwaku sing banget tak tresnani. Kang ora tak nyana-nyana garwaku crita yen karawuhan kanjeng ibu Kunthi lan saiki lagi lerem ana kaputren kagungan kersa arep sapatemon karo aku. Kelakon bengi iku ugo aku marak ngersane kanjeng ibu, Tak sawang kanjeng ibu katon sepuh, netrane sembab nanging pasuryane tetep mencorong merbawani. Alon ngendikane marang aku :

“ Karno, anakku ngger,… aja dadi kageting atimu ngger, yen aku keraya-raya tedhak menyang Ngawangga saperlu ketemu kalawan sira. Awit saka ature kaki prabu Kresna, ibu wis mengerteni apa kang dadi antebing atimu yen sira tetep anggolong marang Kurawa. O, O ngger,.. anakku sing tak tresnani Karno,…sepiro anglese atiku, bobote aku bakal kelangan anak. Rekasa lan sengsarane kauripan aku kuat nglakoni waton aja kelangan anak, luwih-luwih sira ya Karno,…anakku. Gawang-gawang cetho malelo lelakon kang kawuri rikala sira lagi wae lahir…. , lagi lahir wae saka ibu, nanging ibu ora kuwasa murba-wasesa sira lan kepeksa pisah jer kabeh mau kanggo kautamane rama Prabu lan Negara Mandura. Aku mung bisa ngaras sira lan nangis sarta paring anting-anting gambar Surya kanggo tandha yen sira iku anakku. Rina-wengi aku tansah memuji marang hyang Agung supaya bisa ketemu sira. Kinabulan pamujiku rikala ana pandadaran siswa Sokalima. Ya mung sira kang bisa mandhing kridane Permadi lan antuk kamulyan saka Kurawa. Senadyan sira anggolong Kurawa, aku wis mulya ngger,.. amarga sira isih urip lan antuk kamulyan ora kaya kadang-kadangmu Pandhawa kang wiwit cilik tansah nandhang kasangsaran bebarengan kalawan ibu. OOO, ..Karna…., apuranen ibu ya nggeer……, sepisan maneh ibu nyuwun marang sira ya ngger…, bisoa sira anggolong marang Pandhawa. Kadangmu Pandhawa uga tresna marang sira, lan uga bakal mulyakake sira. Piye ngger..?, ibu ora mentala yen anak-anakku pada pralaya lumawan kadang tunggal ibu”

Aku njegreg, kaya tugu sinukarta. Abot lambeku kumecap obah tinanting ibu. Pranyata, luwih abot tinimbang tinanting kaka Prabu Kresna tetungguling Jagad. Rada groyok lan cekak aku caos atur:’ Duh…, kanjeng ibu ingkang tansah kula bekteni…, kula sampun nglenggana sedaya kadadosan ingkang gegandhengan kaliyan kula. Inggih, kanjeng ibu, kula nyuwun lumunturing sih pangaksami menawi kula mboten mundhi pamrayogi paduka. Kula tetep anggolong dhumateng Kurawa. Sepindhah malih kula nyuwun agunging pangaksami ibuuu…,”

“ Ya, ya ngger Karna,….,anakku kang sembada. Kaya-kaya pancen wis dadi pepesthen lelakonku, aku ora kuwasa nduwa kekarepan lan anteping atimu. Aku bakal kelangan anak kang kapindho. OO ngger, lilanana ibu ngaras sira ya ngger, ngaras kaya kang kapisanan ibu kelangan sira”…. Alon ibu jumangkah ngrangkul aku, ngaras pipiku, bebasan kaya ibu ketemu anake kang ilang suwe. Ana banyu anget kang tumetes ngenani anggaku, aku ngerti yen iku waspane kanjeng ibu. Nanging aku tetep puguh mbelani Kurawa jroning Bharatyudha senadyan tinanting sapa bae. Tancep kayon. Saka Kuburan Mbah Narto Sabdo.

0 komentar:

  © ryanwidhi teratediponegoro by shterateundip.co.cc 2008

Wangsul Maleh Dateng Inggil